Panatacara

PASRAH TEMANTEN

Salam kalajengaken mukodimah ngantos paripurno
Nuwun nuwun kawulo nuwun.
- Sanghyaning poro pepunden ingkang tuhu hambabar doyo pangaribowo
- Poro sesepuh pinisepuh tuwin aji sepuh ingkang pantes pinundi pundi agung ing mastuti
- Poro Bapak tuwin poro ibu ,miwah poro kadang wargo wandowo ingkang
Ingkang hambeg sinudarsono, soho lebdo ing pitutur dalah limpat ing pamawas
- Pangemban pangembat pangembating projo, miwah satriyaning nagari, minongko pandam, pandom, panduming kinaryo kawulo dasih
- Poro pinilenggah sami ingkang tuhu bagyo mulyo
Lumintuning podyastawa gusti ingkang akaya loka tumanduk jeneng para para.
minangkapanuntun kiblating gusti soho tansah sumanding kitab ilahi, Datan katalompen solawat soho salam mugi kunjuk dateng junjungan kito nabi agung muhammad saw. mugiyo wonten ing ari pawiwahan tansah pinanggih basuki rahayu kalis nir hing sambikolo.
Amit amit kepareng kawulo hamastuti dhawuh ingkang kedah sinangkul kumowantun kanti samapto ing gati sawego ing dhiri, jumeneng arso imbal pangandiko.
Estoning manah awrat anggen kawulo jumangkah hamundhi karyo awit kathahing poro poro igkang tuhu limpat, ha injih minongko netepi marang pepoyaning kautamen. Pramilo mawantu wantu ingkang kawulo cadhong tansah nyuwun gunging panuwun ingkang tanpo pepindhan. kawulo minongko ingkang tinanggenah cundoko saking pamengku gati ………………… dalah gotrah.
Awit saking bombonging manah pramilo datan kuwawi matur minangka kawula ingkang sinaraya cundaka atur pangandikan.
Babaring sedyo purwo madya wusana ingkang katuraken saking pamengku gati nuwun inggih
Cinadhong berkahipun gusti ingkang akarya loka hambabar karahayon anggenipun lumarap sowan ngabyantoro saking ………..tumuju ing wewengkon ……………..Ing madyaning lampah tansah pinanggih rahayu wilujeng datan wonten rubedo.
hainggih parandene ingkang kepareng kaaturaken saking pamengku gati nuwun inggih :

1 minangka purwaning atur kanti bombong ing manah panjenenganipun bapak/ibu ………………….dalah gotrah hangaturaken salam ta,lim ketedha kalinggamurda ingkang keawedhar ing gati, kanti pangandiko Assalamu, alaikum wr.wb konjuk dumateng kulawarga gati nuwun inggih panjenenganipun bopo besan……………. sakulowangsa mugiyo kerso hamampi kanti lego legawanig manah.

Wondene ndungkap ongko.
2 minangka anetepi darmaning tiyang asepuh saking pamengku gati nuwun inggih bapak/ibu …………..Dalah gotrah kepareng hangaturaken atmaja putro pinanganten ingkang asesilih anak mas bagus ……………… sumonggo sawatahipun kawulo aturaken, karsa hanampi kanti suka gumbiraning penggalih.
menawi kepareng kataliti bilih atmaja putro puniko, teksih kirang seserepan dalah gegulang sumangga karsa penjenenganipun bopo besan ………………….. paring sasmita gati minangka kagem manunggaling laladan pagesangan.
Ingkang langkung wigatos bilih atmojo putro puniko datan drajat dalah pangkat namung mijil saking tlatah pareden, tepis wiringing bengawan, hainggih karsa bopo besan ………….dalah gotrah kawula suwun kanti mardikaning penggalih sumangg samudayanipun kanti hanampi suko bombonging manah.
Parandene pisowanipun pamengku gati bapak/ibu ………….. sakulowongso anggen sami sowan ngabyantoro kanti badan sapoto, dalah kadereaken dateng poro kadang kulowargo tundonipun andamel ribeting swasono ing panti pawiwahan, kepareng bopo…………… tansah nyuwun lumunturing samudro pangaksomo ingkang tanpo peindhan.
3 Minangka Kagem hanjangkepi pisowanipun pamengku gati bapak/ibu ……………. dalah gotrah.
namung hambekto bebono arupi pethilaning wono, kagem hanyambet rumaketing kekadangan, menawi kataliti setunggal mboko setunggal teksih kirang jumbuh samudayanipun. sumonggo kepareng kawulo aturaken sedayanipun bopo besan …………sakulawangsa.
hanampi kanti suko gumbiraning penggalih sinaosa namung mekaken wujudipun.
sanggyaning poro pinelenggah sami ingkang tuhu bagyo mulyo, mekaken ingkang kulo aturaken minongko cundoko saking pamengku gati kanti wusananig atur pangandiko, manawi wonten kebentusing awang awang sinandunging aroto anggen kawulo paring sasmita gati awit kawulo jejering manungso limrah dasar kirang gegulang wonten ing pawiwahan mboten wonten ingkang kawulo cadhong kajawi mawantu wantu nyuwun lumebering samudra pangaksama.
Pepuntaning atur kepareng kawula lengser saking sasana wara.
nuwun, nuwun, nuwun

wassalamu’alakum wr.wb.

LAMPAHING UPOCORO PANGGIH

Sansoyo dalu araras lintang abyor kang kumeeedap titi sonyo gandaning puspito
Sakar gadhong sarining sari kembang, huuuuung. leng leng driyo mangu mangungkang heng.
Sampun dumugi wahyaning mongso kolo sri atmaja penganten sarimbit hangayai karso muhung sasama.
Mugi tansah pinaggih lulus raharjo basuki rahayu wilujeng, tinebihno
Ing rubedo pikantuk nugrahaning gusti ingkang akaryo loko.

MBEDHOL TEMANTEN PUTRI SAKING PANTI BUSONO

Salajengipun kapareng matur tumanduk ingkang hanawung kridho kasuwun sawego ing gati siyogo ing dhiri,soho kepareng matur mligi konjuk ibu panata busana kepareng mratitisaken jengkaring sri atmaja pengnten putri tumuju wonten ing dhampar sasono rinenggo.
Awit winisudho madeg ratu sari, jengkaring sri atmaja putri hangrasuk busana mawarna warna Pita swara hanglarepaken kanti ungeling gendhing Puspa warng slendro manyuro Candrane sri penganten.
Binarung swarane pradangga munya hangrangin, ono ganda urum angambar ambar nganti sawijining pahargyan, lah ! puniko sang dyah ayu mustikaning jagad, yo mustikaning pawiwahan kang apindo sitoresmi hanenggih nini ayu………………… medal saking tepas wangi angimbenan rama dalah ibu, miwah patah sakembaran, lon lonan tindak’e membat madya lemenggang ing warih deniro lumaku, pathing glebyar pathing clorot angen ngrasuk busana nganti kaya laranggana asilih prenah. Hangagem cecunduk wula tumanggal kencana tinaretes ingkang kinaryo, sarto hangagem cunduk mentul cacah pitu kinaryo kencana. Pathing glebyar kinaryo lumakso pindane kadi astane wong ayu kang ngawe awe kekasihe.
Sri atmaja putri ngagem kabayak landhung, sinulam benang kencana, pating clorot tuhu hamimbuhi endahing pandulu, mracihna kalamun nini…………………… anglenggana bilih wanito mekaken kinodrat, duk ing uni minongko wadhah, sarto tumetesing wiji kang suci,sarto den ajab sageto nyimpen ing wewadi punopo dene tansah bekti dateng kang garwo. Manjing wonten ing sasono pahargyan kejot jroning penggalih, hamirsani para ingkang abelo suko. Lanag wadon gedhe cilik tuwo enom amber hambaleber, papan wiyar keraos rupak, nganti handoyong doyongna pacak sajining panti pawiwahan.
Tindak’e sri penganten putri semono wus ndungkap ing sasono dampar rinenggo, lenggah ing kursi dento pinalipit kencono pinathik, angrewis sinebaran sari sari ginondo wido jebat kasturi kongas gandanya arum mangamba amabar.
Ing sasono pinajang legeg anggenipun lenggah jroning penggalih ngeningaken driyo muhung nyuwun dateng ngarsanipun gusti, amrih ingkang garwo tumunten enggal manjing wonten ing sasono pahargyan gya arso lenggah jajar kaliyan garwo.
Linambaran idi pangestu panjenengan sedoyo, kasembadan sri atmaja putri, kaboyong manjing ing sasono pahargyan, hangrantos rawuhing kang garwo, ingkang mekaken kepareng matur kunjuk paraga gati ingkang kajibahan mapag ari atmojo kakung, saking sasono masanggrah kasuwun sawego ing gati siyogo ing dhiri. Awit tindaknyo tindak, ing sang narpati sari tansah hanyenyuwun ing ngarsaning gusti mugiyo wilujeng deniro lumampah ( pradonggo pito sworo kanti gendhing wilujeng ladrang slendro manyuro.
MBOYONG TEMANTEN KAKUNG BADHE KAPASRAHAKEN

Wus opyak kang ono ing sasono masanggrah, nganti koyo bremoro sayuto candrane.
Bre araning tawon suyuto wus ngarani, opyaking swasono masanggrah koyo tawon sayuto lumaku bebarengan, waneh waneh salagane para kang samyo, hangombyongi tindak’e sang narpati sari, saweneh ono kang apiyak margo kinaryo lumakso sang noto, ono sayugo kang ngasto songsong agung, kinaryo mayungi tindak’e sang rojo, ono sayugo kang mratitisaken pangageming busono, wonten ugi kang apindo cucuking lampah mangarsani anggenipun lumaku.
Medal saking sasono masanggrah pathing glebyar busanane, katingal agung hamrabawani sri atmojo penganten kakung. Agung tegese kebaking kaendahan sinasaban busono edi, mrabu hanuhoni jejering narendrotomo, satriyo jayeng palugon, kang tedas tapak paluning gurindo, tan mingkuh ing pakewh, wani ing bebener, tatag tangguh tanggon pindone kadyo hadege wrekso waringin.
Sajuru juru tindak’e tansah ginunggung ing sesomo, ing kanan dalah kiringing margo pinangsang lentera, miwah umbul umbul, kinaryo paring pakurmatan sang nata.
Ing sisih tengene sang narpati sari ono satriyo mudha kang angasto, sekar dewo ndaru yo sekar joyo ndaru minongko pepasren sarto lambanging panggesangan .
Samono soyo caket deniro lumampah wus ndungkap ing sasono wiworo, gapuraning pawiwahan, tanggap ing sasmito sang duto caroko gyo sumene sawatawis, kinaryo ngladosaken titi laksono kang rinonce.
Tumuju poro poro cundoko ngayahi pakaryan lung panampi ngantos purno ing gati.

NGAYAHI UPOCORO PANGGIH

Wus dumugi wahyaning mongsokolo dumawahing kodrat awit panguwasaning gusti kang akaryo loka, naliko samono ono titah kekalih, kang asipat jalu miwah pawestri, nenging sedyo bade mancik alam madyo, lelumban asmoro ing madyaning bebrayan agung, sinartan sesanti anuhoni laksito harjo, saro hamardowo mardawaning budaya luhur, tulus raharjo.
Budoyo hanenggih mobah mosiking penggalih, dene tulus saweliring pakarti, ingkang hanuju marang babrayan den pinarengake.
Tanggap ing sasmito sang prameswari sari gyo lengser saking palenggahan tumuju saono pinanci sarana dauping penganten.
Soyo caket deniro jumangkah, samono wus ndungkap ing sasono panggih, sinartan apagut tingal, tepuking netro catur handayani tumanduking raos, kang tumanem ing telenging kalbu, hanuwuhi doyo getering manah, tan saronto penganten kekalih gyo bebalangan gantilaning sadak. Saking suruh lininting tali lawe pethak.
Samono gyo sumembah astane sang ratu, jamah asto nuduhaken raos ati loro manunggal dadoso satunggal, roso kalih nyawiji dadi siji, wus nya jamah asto, tumuli nindakakwn lumadosing upocoro wiji, dadi kanti cak cakan sri atmojo penganten kakung hamidak tigan, ingkang mengku sasmito lelumban bebrayan agung sageto uwal saking tanggel jawabipun tiyang sepuh, sageto pecah sarto pikire.
Upocoro wiji dadi kang wus linangkung mulyo, winijikan sekar triwarno, arupi mawar mlathgi lan cepoko mulyo, dalah toyo perwito suci. Ingkang sedoyo kolo wau mengku werdi mugi penganten kekalih linarwono tetembungan ingkang manis kang medal saking pepadoning lathi, tansah kumanthil kanthil ing pepadoning netro, kinaryo sarono pambuko pambanguning bale wismo miwah kulowargo.
Samono tanggap ing sasmito sang ibu hanyingkibi sindur, tumuli penganten kinanti romo manjung wonten ing sasono rinenggo, nenging sedyo kasuwunaken idi pangestu saking poro poro ingkang abelo suko.
Laju tindak’e sang narpati sari wus ndungkap ing sasono dampar rinenggo tumuli tinanem ing romo wonten ing sasono dampar pinajang. Manut laksitaning lampah sang brahmana doyo doyo mapan ing sasono tinamtu , gyo nindakaken upocoro timbangan, tetelo sri atmojo kekalih wus pinangku wonten jejengkuning romo, estingarah hanimbang gyo sepinten boboting katresnan ingkang putro.
Parandene mapan wus tinamtu jatu kramane mulo karaos wus sabobot awrating kang putro mracihnani kalamun, astaju boboting katresnan. Wus nya anggenipun tinimbang sri pengenten kekalih gyo anindakaken jangkeping upocoro adat kawuryan, penganten kangkung hanganthil tilam lampus hyo kloso bongko kang isi kacang kawak dele kawak, cinarup kaliyan wewijian, ingkang sampun sawatawis kawak, sarto cinarup arto krincing miwah wos jenar, punopo dene sekar monco warno, estingarah penganten kakung ing mangke sampun mengku garwo, milo kaarah ngandahana tanggel jawabipun makaryo asil guno kayanipun kaparingaken ing putri.
Penganten pawestri enggal anggelar kacu gumboyo hanampi peparing ingkang garwo,tumuli sinimpen kanti permati, kagem hanggayuh miwah srono anggenipun badhe gesang wonten ing alam bebrayan, sarto hambangun sentosaning bale wismo.
Parandene lantiping panggraito wus nampi peparinging kang garwo tumuli kaaturaken ingkang ibu, minongko tondo yekti bektining anak marang tiyang sepuh.
Kacar kucur wus linangkung samangke sri penganten anindakaken upocoro dhahar klimah, inggih winastan dahar sasarengan utawi dulangan, ing sadoyo kolo wau mengku wigatos bilih kang putro sampun ngancik ing alam enggal milo bade tumuli ngraosaken sejatining gesang lan gesang ingkang sejati.
Gyo lengser saking palenggahan, sang narpati sari hanganti kang garwo, pinurwakan hanglolos dhawung, sarto hanglepas sanelo, lon lonan lampahe, sesedhokan tndake sigro lumarap hangaras pepadhaning rama, ngrumaosi bilih romo duking uni janma ingkang kinaryo linantaran ingkang ngukir jiwo rogo miwah lumantaring tumuwuh.
Datan katalompen sigro lumarap hangaras pepadaning biyung awit ngrumaosi bilih ibu puniko duking uni janma kang minongko papan yagabroto ing guwo garbo nawa candra doso sri laminipun..
Kembeng kembeng ing waspa hangusap jaja rama miwah ibu hanampi sungkeming kang putro, parandene datan kepareng dawah waspane, awit ngrumaosi bilih dhawahing waspa badhe hanjalari gempaling kawibawan. Makaken purnaning upocoro panggih mugiyo tansah pinanggih rahayu wilujeng amin amin. Juru beksan hambedhol sri penganten badhe gentos busono.kalajengake adocoro salajengipun.

PAMBAGYO RAHAYU PURNO

Kaprabawan sang lumaksana rep sidem permanem datan ono sabawane walang ngalisik, ingkang kapiyarso among swaraning kriyo abdi, gendhing kang samya nambut kardi, pathing sarengkling keplok imbal hangudasih senggak rebut wiromo, sinatan pangeliking waranggana kang ginupitng pito sworo nganyut hanyut hamimbuhi sesirenggeping pahargyan ing siyang /ndalu puniko, mandhap saking dampar dento hanganti kang garwo, pinurwakan sowane sang subomanggolo, repepeh repepeh ndadhap hangeko podo lumaksanane, salagane kadi sak solahe milangoni, sinten to doso namane……………………….
Sanajan to dereng kaduk iang yuswa parandene awit alit mulo ginulang sarto liniding ing babagan kautamen, milo mboten mokal lamun piniji hangembani jengkar kirabing penganten opo tondo yektine.
Kawestoro deniro lumaku tansah kebaking pangati ati, estining sedyo suko tuntunan tmanduk penganten mugi anggenipun ngembat watang lelumban ing samudraning bebrayan agung tansah nengenaken ing pangati ati, pepayung budi rahayu ingkang sarta linambaran tepa tresna, kumawulo opo dene roso.
Tepo sirik opo ene ing kadurakan, tresna mrih karukunan kumawulo ngesti marang darmaning wajib, roso sembodo ing driyo, datan mingkuh ing pakewuh, wani ing bebener pindane datan hadege wreksa waringin ingkang kukuh bakuh. Kinaryo pangayomaning wong sak nuswantoro.
Sumusul satriyo mudha kekalih kembar busana miwah adeg piadege, tebah jaja atempel wentis, lah puniko ingkang winastan apindo senopati hyo talang pati ugi winastan satriyo kembar ingkang tansah memayungi kaywananipun sri penganten.
Ing wuri ono putri alit kekalih ingkang winastan ponang pitahing temanren,dasr alit milo anggenipun lumaku tansah sinambi gegojegan, geguyonan parandene, datan saru dinulu, sanajan teksi lare parandene sampun kepareng nyambut karyo, mracihnani lamun mbenjang dadiyo wanito utomo.kang pantes dinulat dateng para kenya sanesipun.
Kaladuking panyandro ponang pitahing penganten layak koyo widodari angejo wantah tumurun wonten ing ngarcopodo, arso paring berkah mugi anggenipun ngancik bebrayan tinanggulan ing reh darmaning polokrami hawewato wutuhing katresnan jati.
Ingkang katingal abyor busanane lah puniko sri atmojo penganten kakung ngagem makutho pinalipit rukmi ginepung pinatut sesumping sekar melathi, ngagem sang sangan kencono ingkang cinarub kaliyan puspito adi rinonce, mungweng jangga, tumumpang pamidhangan kering soho tengen, tebahing jaja ebah ebah lamun kinaryo lumakso prasasat mungweng setu bandalayu .
Epek epek cinde paningset baludru, wangkingan warangka ladrang kandelan, kemolo rekto, gonja tinatah,tinatu wukiran nunggak semi, dhawung gegombyok konang puspito tuhu hamimbuhi pekiking penganten kakung .
Ngagem nyamping pinarada kembar kaliyan den agem panganten putri mratandani kalamun sampun katraju boboting katresnan, milo mboten mokal kalamun jroning lumakso gegandengan asto, pepaletan arso datan kepareng ginggang sarambut pinara sasra, ajri kalamun uwal kaliyan garwo.
Laju tindaking sri penganten wiworo gapuraning pawiwahan, sampun kawuntat linangkungan samono gyo manjing ing panti busono, rucat busono kanalendran hangrasuk busono kasatriyan.
Datan kacarito swasono ing panti busono ingkang kapiarso saking tebih hamung swaraning poro kang ngirabaken penganten, samya gendhon guyon gegojegan manut wiramane dewe dewe nyamur sri atmojo penganten purno anggenipun ngrasuk busono kasatriyan.
Poro rawuh mekaken anggen kulo anderekaken jengkar kirabing temanten ingkang sepisan, mawantu wantu dateng pamengku gati, mugi poro rawuh kepareng parig idi pangestu.

TEMANTEN MIJIL SAKING PANTI BUSONO KASATRIYAN

Nitik keplasing pandulu saking ibu panata busana paring sasmio gati bilih sri penganten sampun pari purna anggenipun ngrasuk busana kasatriyan, milo doyo doyo kakanti manjing wonten ing sasana pahargiyan, Jengkar tindake sang narpati sari awit mengku ing kawibawan, tansah sinuba suba ing sasama.
Gentos cinarito ananging teksih tunggal kondo, lah puniko jangkeping laku sasama, wus purna denya hangagerm busana kasatriyan, sang narpati gyo ngawe kang ngirapaken, anganti kang garwo sang prameswari manjing wonten ing sasana pahargiyan.
Medal saking panti busana pathing glebyar pathig clorot pangagemanipun, ngagem busono monco warno, pindone kadi bagaskoro kembar sewu, ing dedaratan, sapudarat ilang kamanungsane, kang katon jawata angejowantah, henenggih bathoro komojoyo dalah bathari kumoratih,saking kaendran cakrakembang,tumurun andon asmara ing madyanig rahino.
Reruntungan lampahe, nulat sarjana sujana ing budi, ingkang samput murut kasedan jati, ing ngarso sung tulodo ing madto mangun karso tutwuri handayani. Sajuru juru tataning lumaksa, tinoto runtut edi sinawang dinulu, katon edi peni. Milo mboten mokal kalamun damel gawoking kang samyo humiyat, rantab rantab nganti koyo wredu hangga sasra candrane.
Manjing ing miworo gapuraning pawiwahan, mesem sang subo manggolo, dupi amirsani eden eden kang cinancang, ing gapuraning pawiwahan, tetelo ono tarub janur kuning sedoyo mengku werdi kang sarto pralambang. Tarub saking tembung toto lan urub, toto sampun hamastani dene urub minongko pamikir, janur kuning, jan niat, nur atiku urip. ing sejati tumotonig pikir niyating ati bade hanuju sejatining urip lan urip kang sejati. Urip kang sejati inggih janma janma kang jangkep panca idriyanipun, sene sejatining urip hainggih janma kang nengenaken manengku pujodateng ngarsane gusti kang akaryo jagad.
Nandukaken raos kamanungsan sihing dasih. Manunggaling roso santosaning bangsa, golong gilig rembag manut reh putusaning parepatan.ingkang sarta lampah hambeg adil para marta, rerakitan dateng para winasis, winastan paugeran pancasilo dadi dasaring nagari, soho minongko pepandoming agesang.
Igkang ketingal dampyak dampyak, jajar kalih tataning lumaksa, lah puniko paran wara, kang apindo putri domas, jaman sewau, putri domas cacah wolungatus, parandene siang dalu namung enem /sekawan parandene mboten ngucireng kayun, awit puniko sampun sari sarining putri, yo ayu ayu ning putri kang piniji. Sedoyo ing sulistyaning warni.
Milo mboten mokal sajuru juru anggenipun deniro lumaku tansah gawe wangune kang samya handulu, langkung langkung para mudha satemah tuwuh raosing branta, koyo koyo ngilu darbekenyo kang nembe lumaris.
Dasar pinter ngadi sariro, hangadi busana, mulo lamun dinulu tan bedo pindane, para widodari saking kaendran untoro segoro, sedyo endah dinulu sekeco lamun ginantha ing wardoyo, umpomo sekar nembe mangurah ing sari, lamun tinandur nembe gumandhung.
Rema memak ngembang bakung, kaladuk awarna wilis, ginelung tekuk sinunggar nggiling talingan, sinom ngrawit kadi rinonce, larapan nyelo cendani, alis nanggal sepisan, idep timengeng ing tawang, pipi nduren sajuring, grana ngrunggih ngudup mlathi, parandene lathi manggis kerengat, alis nanggal sepisan, idepe tumengeng ing tawang, waja sinisig nglar kombang, asta nggendhewa pinentang, bangkekane nawon kemit driji amucuk ri, bahu nraju mas, wentise mukang gangsir. Lsp. Mracihnani kalamun to putri domas, kang nembe lumaris tuhu kenya kang wasis sarta baut olah endah edining sariro
Ingkang tansah tutwuri handayani lah puniko rama ibu, penganten putri minongko panutup peyhiting kirab. Katingal bombong berag, sarto biwara, ing driyo sang panutuping kirab, bombong dene amirsani kang atmaja wus jinatu krama, ingkang kakung dadya pepilihaning nala, berag anggenipun mahargyosuto hamarrsudi siwi sampun tineksenenan jeneng para para ingkang abela suka.dene birawa ing driya anggenipun malakramaaken kang puri sampun pikantuk paliah saking ngarsanipun poro pepunden, wajib sarta sampun manut reh tataning nagari.
Samana laju tindake sang narpati sari wus dungkap ing sasana dhampar rinengga, tanggap ing sasmito sang subo manggolo, gyo hangarsani sang nata lenggah, ing kursi denta. Wus nya sang nata lenggah,sang subo manggolo gyo ngawe para kang ngirabaken,sri penganten kundur wonten ing papan sakawit.
Lah mekaken poro kakung miwah putri anggen kulo ngirabaken sri penganten kekalih bilih wonten kirangipun dalah kirang pratitis nyuwun agunging samudro pangaksomo nuwun.
Purna ing gati joyo joyo wijayanti samio pinaggih widodo nir sambikolo.

TANGGAP WACANA HARJO PAMBAGIYO

Salam pambuka ……………..
Para pepunden para sepuh tuwin pinisepuh ingkang kinabekten,para prayagung pangembating praja ing tuhu wicajsan,luhurig budi.sumrambah dumateng sagunging para pinilenggah ingkang kinurmatan.
Kasugengan katentreman tuwin karahayon kasariro sanghyaning poro pinilenggah ingkang tuhu bagyo mulyo.
Hanuhoni pamundutipun saking kadang panata cara,kepareng kulo sowan dateng ngarsanipun poro rawuh,saperlu ngaturaken menggah wigatosing sedyo,minongko cundoko saking ……………….. sakulowongso.ingkang langkung rumiyin sumonggo kulo dereaken sami hamujobroto kanti nyuwun wilasaning gusti ingkang hambabar karahayon,soho ketentreman mugi tansah paring pangayoman kulo panjenengan sedoyo.
Dene minongko purwaning atur kawulo handerek bombong ing salebeting gati dalah mangayubagyo daup soho panggihing temanten kekalih mugi kanti lumebering berkah soho pangestunipun poro rawuh saged handayani anak mas sri penganten sarimbit kasembadan saha tansah ginayuh saliring kaweruh ulah kridaning bebrayan luhur.
Bapak/ibu………………….. ingkang hamengku gati karoban ing bagyo mulyo, bilih kawulo sabrayat saking………………….saestu matur gunging panuwun ingkang tanpo pepindan dene ing kalodangan puniko saget handerekkaken amimoho duping sri penganten sarimbit kanti runtut lan rancag soho sakalangkung endah. Gegayutan puniko kanti prastowo sineksen dateng poro poro ingkang paring puji pangestu dalah poro abelo suko. pramilo sageto tansah rumaket nyawiji dados satunggal kulowargo.
Panjenenganipun bapak…………………hangaturahen pinang nganten kakung dumateng kaki miwah nini tuwin poro sesepuh ing tlatah …………..sumonggo anggenipun paring gegulang luhur, soho handerek ngaturaken atmojo kawulo anak mas ………….mugi anggenipun suwito wonten jagating bebrayan saget katampi dateng kulowargo dalah wengkon ing tlatah …………….tmanduk dateng pamengku projo mugi karso paring pitedah soho piwucal, supados putro atmojo puniko sageto migunani tumraping berayan luhur, karengkuh dalah kaanggep kados dene yoga pribadi.
Saking pamengku gati gunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit kanti pambiyantu dateng jeneng para inggo saget damel regenging swasono ing pawiwahan puniko, awit saking pambiyantu dateng poroporo ingkang arupi bau suku pamanggih sarto iguh pratikel, bondo arto dalah prabeyo, sedoyo kala wau saking sih darmaning kautamen deteng sanak kadang, kulowargo saking tlatah …………Rt…….. Rw……..Kelurahan…………kawulo sanget pitados tanpo pambiyantu dateng poro poro datan saget damel rancaging pawiwahan.
Saking darmaning bekti jengandiko sami kawulo saking kulowargo agung mboten saget paring piwalespunopo punopo mugoiyo tinampi wonten ngarsaning gusti ing moho asih. Kajawi puniko saking pamengku gati bapak…………….mboten saget pinanggih satunggal mboko satunggal kalawan jawat asto. pramilo mawantu wantu nyuwun agunging pangapunten ingkang tanpo pepindan, awit saking mongkoking manah saking pamengku gati datan kuwawi matur piyambak, bilih kawulo cundakaning atur nyuwun gunging samudro pangaksami. menawi wonten kekiranganipun, munguhing drajat pangkat panjenengan

MBEDHOL TEMANTEN PUTRI SAKING PANTI BUSONO

Salajengipun kapareng matur tumanduk ingkang hanawung kridho kasuwun sawego ing gati siyogo ing dhiri,soho kepareng matur mligi konjuk ibu panata busana kepareng mratitisaken jengkaring sri atmaja pengnten putri tumuju wonten ing dhampar sasono rinenggo.
Awit winisudho madeg ratu sari, jengkaring sri atmaja putri hangrasuk busana mawarna warna Pita swara hanglarepaken kanti ungeling gendhing Puspa warng slendro manyuro Candrane sri penganten.
Binarung swarane pradangga munya hangrangin, ono ganda urum angambar ambar nganti sawijining pahargyan, lah ! puniko sang dyah ayu mustikaning jagad, yo mustikaning pawiwahan kang apindo sitoresmi hanenggih nini ayu………………… medal saking tepas wangi angimbenan rama dalah ibu, miwah patah sakembaran, lon lonan tindak’e membat madya lemenggang ing warih deniro lumaku, pathing glebyar pathing clorot angen ngrasuk busana nganti kaya laranggana asilih prenah.
Hangagem cecunduk wula tumanggal kencana tinaretes ingkang kinaryo, sarto hangagem cunduk mentul cacah pitu kinaryo kencana. Pathing glebyar kinaryo lumakso pindane kadi astane wong ayu kang ngawe awe kekasihe.
Sri atmaja putri ngagem kabayak landhung, sinulam benang kencana, pating clorot tuhu hamimbuhi endahing pandulu, mracihna kalamun nini…………………… anglenggana bilih wanito mekaken kinodrat, duk ing uni minongko wadhah, sarto tumetesing wiji kang suci,sarto den ajab sageto nyimpen ing wewadi punopo dene tansah bekti dateng kang garwo.
Manjing wonten ing sasono pahargyan kejot jroning penggalih, hamirsani para ingkang abelo suko. Lanag wadon gedhe cilik tuwo enom amber hambaleber, papan wiyar keraos rupak, nganti handoyong doyongna pacak sajining panti pawiwahan.
Tindak’e sri penganten putri semono wus ndungkap ing sasono dampar rinenggo, lenggah ing kursi dento pinalipit kencono pinathik, angrewis sinebaran sari sari ginondo wido jebat kasturi kongas gandanya arum mangamba amabar.
Ing sasono pinajang legeg anggenipun lenggah jroning penggalih ngeningaken driyo muhung nyuwun dateng ngarsanipun gusti, amrih ingkang garwo tumunten enggal manjing wonten ing sasono pahargyan gya arso lenggah jajar kaliyan garwo.
Linambaran idi pangestu panjenengan sedoyo, kasembadan sri atmaja putri, kaboyong manjing ing sasono pahargyan, hangrantos rawuhing kang garwo, ingkang mekaken kepareng matur kunjuk paraga gati ingkang kajibahan mapag ari atmojo kakung, saking sasono masanggrah kasuwun sawego ing gati siyogo ing dhiri.
Awit tindaknyo tindak, ing sang narpati sari tansah hanyenyuwun ing ngarsaning gusti mugiyo wilujeng deniro lumampah ( pradonggo pito sworo kanti gendhing wilujeng ladrang slendro manyuro.)
sami.
Mekaken atur kuwulo hambok bilih mingko jejering cundoko saking pamengku gati menawi kirang pratitis mawantu wantu tansah nyuwun lumunturing samudro pangaksomo, pungkasaning gati kulo lengser saking sasana woro.
Wassalamu,alaikum warohmatullohiwabarokaatuh
Nuwun nuwun.

NASKAH PAMBIOWORO ING ACORO PAWIWAHAN
Lumintuning podyastowo sih wilasaning gusti ingkang akarya loka hambabar karahayon wonten ing madyaning rahino tumanduk jeneng para para.
amit amit kapasang talingan tabikh tinebihno ing ilo ilo tambang rawat rawat bakul sinambi woro
Mahayu hayuning sasomo , mardiko amarsudi siwi.
Rep sidem permanem datan ono prabawane ,godhong kayu datan ebah bebasan Samirono datan lumampah.. Milo pambukaning carito ingkang kinaryo hambeg eko,adi doso purwo. Eko wus ngarani sawiji, adi linuwih, doso sepuluh, purwo kawiwitan. Sanajan kathah poro nayako ingkang kasanggo tepis wiringing samodro.
Cinandrane satus tan antuk satunggal sewu tan antuk tetigo.
Dasar nagri panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi tur toto raharjo Sampun kepareng prapteng ing gati sawego ing diri panjenenganipun bopo.………….sakulowongso. Anggen lumarap sowan ngabyantoro Saking tlatah.……………. Tumuju wonten ing wewengkon.………….. kanti hamanggih rahayu basuki Lulus raharjo. Sumonggo enggal tumuju doyodoyo mlebet wonten ing gapuraning panti pawiwahan kanti mardikaning wardoyo. Kapareng hangaturaken sugeng pinarak, sugeng lelenggahan dalah suko birawaning manah, sinambi hangrantos tumapak ing hadicoro Ingkang bedhe kalampah.

Tinggalkan komentar

Hello world!

Welcome to WordPress.com. After you read this, you should delete and write your own post, with a new title above. Or hit Add New on the left (of the admin dashboard) to start a fresh post.

Here are some suggestions for your first post.

  1. You can find new ideas for what to blog about by reading the Daily Post.
  2. Add PressThis to your browser. It creates a new blog post for you about any interesting  page you read on the web.
  3. Make some changes to this page, and then hit preview on the right. You can always preview any post or edit it before you share it to the world.

Tinggalkan komentar

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.